Assalamualaikum Wr. Wb.

Senin, 03 November 2014

Contoh Pidato Bahasa Jawa Tentang Perpisahan

Assalamu'alaikum Wr. Wb.

Ingkang kawula hormati Bapak Kepala Sekolah lan Bapak - Ibu Guru lan rencang - rencang kelas 9 ingkang kula tresnani.

Monggo kita sedoyo ngaturaken puji syukur dhumateng Ghusti ingkang maha Agung ingkang sampun maringaken nikmat lan kewarasan dateng kita dumugi sakmenika kita saged kompol wonten ing acara perpisahan sak menika.

Kula, wakil saking rencang - rencang kelas 9 ngaturaken maturnuwun ingkang sak ageng - agengipun kagem Bapak / Ibu Guru ingkang sampun mbulawantah kula lan sak konco - konco dateng pawiyatan menika ingkang dangunipun tigang warsa.

Mboten keraos kulo lan rencang - rencang sampun ngalampahi ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan meriki. Wonten ing adiacara menika, kula kiyambek tuhu rencang - rencang nyuwun pangapunten saking Bapak / Ibu guru amarga menawi gadhah kalepatan ingkang dipun sengojo lan mboten disengojo. Mugi - mugi Bapak / Ibu Guru kerso ngapuntenakrn sedoyo kelepatan kula lan rencang - rencang.

Namun amarga kula lan rencang - rencang kedah ngelanjutaken ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan ingkang luwih inggil, kula lan rencang - rencang kedah saged dening ikhlas nilaraken pawiyatan menika.

Kadosipun sampun cakap anggnipun kula matur. Mbok menawi wonten kalepatan kula nyuwun pangapunten.

Wassalamu'alaikum Wr. Wb.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar